Berita 20 April 2026

NGURI-URI BUDAYA LOKAL LEWAT DEEP LEARNING, SD KREATIF MUHAMMADIYAH GOMBONG DADI PAPAN PENELITIAN

Penulis: Erlin Kurnia Sri Rejeki Editor: Admin Reading Time: 2 mins read
NGURI-URI BUDAYA LOKAL LEWAT DEEP LEARNING, SD KREATIF MUHAMMADIYAH GOMBONG DADI PAPAN PENELITIAN

NGURI-URI BUDAYA LOKAL LEWAT DEEP LEARNING, SD KREATIF MUHAMMADIYAH GOMBONG DADI PAPAN PENELITIAN

Gombong, Sabtu 18 April 2026 – SD Kreatif Muhammadiyah Gombong Kebumen dadi papan pelaksanaan penelitian kanthi judhul “Aktualisasi Nilai Cablaka dalam Pendekatan Deep Learning”. Penelitian iki ditindakake dening tiga peneliti, yaiku Ischak Suryo Nugroho, M.S.I., Mujibur Rohman, M.S.I., lan Rina Rizki Amalia, S.Pd., saka UIN Prof. K.H. Saifuddin Zuhri Purwokerto.

Penelitian iki fokus ngangkat budaya lokal Banyumasan minangka media pembelajaran karakter ing SD Kreatif. Kanthi pendekatan deep learning, nilai cablaka—sing ateges jujur, blakasuta, lan apa anane—diaktualisasikake liwat kegiatan nyata sing cedhak karo urip bocah saben dina.

Saka esuk, halaman sekolah wis rame karo swara ngguyu lan semangat bocah-bocah. Kanthi nggunakke basa penginyongan, para siswa diajak luwih percaya diri, jujur, lan blakasuta utawa cablaka kaya ciri khas wong Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas, Cilacap, Kebumen (Barlingmascakeb).

Salah siji kegiatan sing narik kawigaten yaiku dolanan egrang. Bocah-bocah mlaku nggunakke egrang kanthi ati-ati nanging tetep semangat. Guru nerangake yen dolanan iki ora mung kanggo seneng-seneng, nanging uga kanggo nglatih keseimbangan, keberanian, lan ketekunan. “Aja wedi tiba, sing penting wani njajal,” ujare salah siji guru nganggo logat ngapak sing khas.

Ora mung kuwi, siswa uga nampilake kesenian kuda lumping versi bocah. Kanthi iringan musik sederhana, bocah-bocah nari kanthi kompak lan penuh ekspresi. Kegiatan iki dadi media kanggo ngenalake seni tradisional marang generasi enom supaya ora ilang ketelan jaman. Ing kene nilai gotong royong lan kekompakan katon cetha.

Sing luwih unik maneh, ana praktik langsung nggoreng mendoan. Bocah-bocah sinau carane nyiapake adonan, ngiris tempe tipis, nganti proses nggoreng kanthi pengawasan guru. Kegiatan iki ngajari kemandirian, tanggung jawab, lan apresiasi marang kuliner tradisional.

Miturut tim peneliti, pendekatan iki nuduhake yen pembelajaran ora mung babagan teori ing kelas, nanging uga pendalaman makna liwat pengalaman langsung. Budaya lokal dadi jembatan kanggo mbangun karakter lan identitas bocah.

SD Kreatif Muhammadiyah Gombong minangka lokasi penelitian nuduhake komitmené ing ngembangake pendidikan berbasis nilai lan budaya. Kegiatan ditutup kanthi sesi refleksi, bocah-bocah nyritakake pengalamané nganggo basa penginyongan kanthi jujur lan lugas.

Lumantar penelitian iki, tim saka UIN Prof. K.H. Saifuddin Zuhri Purwokerto ngarepake nilai cablaka bisa dadi bagian saka praktik pendidikan sing luwih luas, ora mung ing SD Kreatif, nanging uga ing sekolah-sekolah liyane.

“Sekolah maju ora kudu ninggalake budayane dhewe,” pesen salah siji peneliti. Lan ing dina kuwi, semangat nguri-uri budaya Banyumasan katon cetha saka ngguyu lan semangate bocah-bocah SD Kreatif.

Komentar (0)

Tulis Komentar
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama berkomentar!